Khas Arek Suroboyo.

Ameit Dholor, aku gak onok niatan misui peno, Kanggo peno-peno seng iso boso jowoan, gak bakalan kaget karo omongane arek suroboyo seng iki, "j-a-n-c-o-k", omongan iki wes terkenal sampek go internasional, gak percoyo peno??, iki buktine http://wiki.answers.com/Q/Is_Jancok_a_language

Akeh wong seng melok-melok ngenggo omongan iki, padahal dek'e gak ngerti opo maksute, enek seng ngarani iki salam akrabe arek suroboyo, tapi enek meneh seng ngarani iki omongan kotor, sak jane opo seh artine omongan "J-a-n-c-o-k" terus teko ndi asale omongan iku sak benere.

Maceme "j-a-n-c-o-k", seng biasane di nggo arek seng jek isin-isin meso, utowo gak tau meso, yo iku koyok "j-a-n-c-u-k", "d-a-n-c-u-k", "d-a-n-c-o-k", "d-a-m-p-u-t", "d-a-m-p-o-t", "d-i-a-n-c-u-k", "d-i-a-m-p-u-t", "d-i-a-m-p-o-t", sak liyane iku onok akeh. Ndek boso nasional omongan iki mlebu golongane sumpah sarapah, ngomongno masalah sumpah sarapah, iku akeh maceme koyok contone nyebutno jenenge kewan, pas wong iku wayae ngamuk, misale, jaran, asu, kerek, jangkrik, ulo. seng paling kasar sumpah sarapah/meso iku seng nyebut (amit dolor) nyebutno jenenge kelamin, nek jenise sumpah sarapah model ngono-ngono iku wes osom ket jaman bien.

Gak enek tulisan sejara, utowo bukti, seng iso di gawe patokan kapan omongan "j-a-n-c-o-k" mulai di gawe, tros opo'o kok sampek omongan "j-a-n-c-o-k" mecotot teko lambene arek suroboyo,. awale aku yo rodok kerepotan, teko endi kudu di mulai nyidiki kebudayaane suroboyo iki, saben aku tholek bukti mesti pungkasane, mesti ketemu karo sumber seng ngawor, aku ngarani sumber iku ngawor, soale gak iso njelasno seng masok akal, pokok gathok, nyambong-nyambongno omongan sak enak udhele dhewe, sampek akhire aku nemu alamat iki, http://www.surabayapagi.com/ nah mulai teko kene aku baru iso nyelidiki,.

Sak jamane kolonial bongso londo jarene istilah iki wes osom di gawe arek-arek suroboyo. "J-a-n-c-o-k" iku asale teko rong omongane londo yo iku, Je Ook. seng arti indonesiae Je(Ja): kamu Ook: juga. Nek di telusuri lue jero dholor, cobak peno dhelok arek nom-noman, kebiasaan guyon, gojlok-gojlokan, ilok-ilok'an sak kancane. Seng di gawe bahan gojlokan mau kadang seng aneh-aneh, kadang wadanane jeneng koncoe, kadang jenenge bapak'e di gowo-gowo, kadang onok mrucute omongan lawane digawe gojlokan. lak wes ngono iku, Nnnaaah pas wayae emosi mesti katot di gawe senjata manas-manasi lawane. nek wes lawane kaente'an omongan, isok'e cuman mbales omongan "awakmu iyo/termasuk koen/podo karo koen/seng ngomong yo", yo nggak dholor?? Nek peno penasaran artine Je, Ook, peno iso cobak kamus iki, Kamus Londo-inggris,

Gak cuman omongan iku tok dolor, jek enek seng khas arek nom seng biasane di omongno, koyok misale, Kenther-koclok-koplo-koplak terus nek Rek/Pek/je/jek, iki sopoan akrabe arek-arek suroboyo mbiyen, tapi iki saiki wes ganti bro/sis. sak jane jek onok akeh seng biasane mecotot teko lambene, arek-arek. aku wes lali. nek peno eleng cobak peno tulis ndek komentar, omongan khas suroboyoan iku,  mugo-mugo omongan khas arek suroboyoan liyane gak diartekno ngawor pisan.

Wes dholor saiki terserah, kek opo tanggapane peno karo pisuane arek-arek seng siji mau. seng wes kadong di artekno ngawor nggawe arti seng gak pantes pisan. isin aku dolor.

Wes matorsuwon.
Mbalek ndek ngarep

Tidak ada komentar:

Posting Komentar