5/02/2013

Sejarah

Lebonan iki nggen ne sejara-sejara seng onok hubungan karo suroboyo, wes yo cak cek gak kesuen, iki wes tak centelno sejarae

Sejarae Tana kelairan.

Peno kudu ero dollor, asal usule tanah jowo iku kek opo kedadiane. Wes di molai ae, Enek buku seng nyeritakno biyen iku enek kuto seng peradabane luweh maju, iku jarene PLATO, "ikulo wong seng nganggep nek ndunyo iki gak bunder koyok bal, tapi roto koyok tempeh", kuto iku jenenge kuto atlantis seng .......

Cerito komplite....

5/01/2013

Budoyoe wong suroboyo

Lebonan iki onok isine karya-karyane arek-arek suroboyo seng dhuwe jiwa seni, mboh iku seni tulis, crito, lukis, pokoke sak macem wernoe. Pelataran lebonan iki, cumak nampilno cuplikan-cuplikan cekak karyane arek-arek, lah nek peno pengen eroh terusne peno langsung klik judule.
Gak katek kakean tulisan maneh. Monggo disemak dollor...

4/30/2013

Kenalan Sek Cak Ning Kabeh.

Ikilo bloge  arek suroboyo tulen, sak doronge tak critakno sejarahe blog iki. kepikiran teko bloge cak lukman ndek sebelah, awaku dadi meker-meker, bender jarene neng ayu sopo maneh lek gak awak dewe seng ngelestarekno kebudayaane dewe, mosok yo wong liyo, wa isin aku. sak marine moco tulisane artikel iku awaku yo rodok bengong titik, kek opo carane ngelestarekno yo..., waaa... iyo aku saiki mompong doyan ngetik tulisan blog, wah cocok iki. langsung ae awaku ngetik ndok kotak seng ndek ngisor dewe iku, "mboh diarani opo kotak iku suroboyoane", mari mbalesi sopoane cak lukman, gak kesuen aku langsung ngetek blog iki.

Tapi sak jane enek seng grundel titik.. ikilo, awaku gak iso ngetok no horop kusus.., koyok maceme horop E iki kan mestine onok telu, nek gak salah se koyok contoe ngene, a), aku isuk mau sarapan lawo tempe. b) tempeh iku digawe miliki krekel karo las seng ndek beras,. nah dadi angel ngomonge kan dolor., babah wes. sak mecotote kibot iki, seng penteng peno kabeh isok ngerti opo seng tak karepno. trus iso carane mocoe, wah parah nek katek peno mocoe kateng pecotot sampek dirungokno tonggoe peno, awaku gak melok-melok lo cak. tapi nek peno due coro digawe ngetokno kancane horop E iki. awaku tak sinau nang peno yo...

Wes gak atek mutar-muter omongan maneh, saiki tak critakno karepku, mbalek nang budayane suroboyo. sak jane tulisanku seng kate tak dekek ndek pelataran ngarep iki duduk seng iki, tapi tulisan sejarahe suroboyo, tapi awaku iki jek piyek lo Cak Neng kabeh, dadi gak ngerti sejarahe suroboyo.

Nah iki masalae cak aku gak ngerti sejarahe suroboyo, mangkane seng mecotot disek tulisan ngene iki. nek peno ngerti sejarahe suroboyo, utowo sejarahe kampunge peno dewe seng ndek suroboyo, peno tak undang langsung nulis dewe ndek blog iki, nek peno karep, peno kandani aku ndek e-mail utowo nulis ndek kotak ngisor iku. Lah kek opo nek onok dolor seng pengen crito tapi gak due komputer utowo gak isok ngetik, yo njalok tolong lo cak, nek peno gak onok seng nulungi ? "yo ngadek dewe" gak seng bener iki, peno rekam ae, lah ngkok rekamane peno kirim ndek e-mailku, gak popo aku ngkok seng ngetikno ndek kene, tapi sarate kudu nyebut jeneng karo alamate peno cekne aku isok nyebutno sumber crito mau teko sopo.

Nah carane nules onok aturane yo cak, ikilo aturane.

1. Tulisane kudu nggawe boso suroboyoan, nek nggawe boso liane tak busek.
2. Jodole kudu ndek ndokor, ojok sampek di dekek ndek nggon liyane.
3. Critone kudu orot, ojok di wolak-walek koyok nggoreng telo, yo ning.
4. Crito mau kudu asli sejarah, duduk karangane peno dewe. (nek crito karangan onok nggon dewe)
5. Ndek nggon sak ngisore crito,..
     a). Peno kudu nulis sumber critone teko endi utowo sopo seng crito.
     b). Peno kudu nulis tanggalane bulane taune pas nulis ndek kene.
     c). Peno kudu nulis jeneng sak alamate peno, podo karo ktp.
     d). Nek peno gak setuju karo sarat a sampek c. yo gak usah noles ning.

Cekne nggak ketok semrawut blog iki wes tang rancang ngene dolor.

1. Plataran ngarep dewe iku crito sejarah kuno kuto suroboyo, tampilane puol ketok kabeh. ndukure onok gambar tugu pahlawan.
2. Iki sak ngisore crito suroboyo, lebon1 critoe nggon penting ndek suroboyo. Koyok critone tugu, mbale kuto, pasar, terminal, trus sak lione kabeh. tampilane cekak, onok centelane nang plataran njero seng isine jangkep.
3. lebon2 crito sejarane kampong, karo nggon-nggon liyane seng gak sepiro penting. tampilane cekak, yo onok centelane nang plataran njero seng isine jangkep.
4. lebon3 Dagangane Wong Suroboyo. nah iki nggone peno dodolan onlen,  tampilane yo cekak, yo onok centelane nang plataran njero seng isine jangkep.
 Cak-Ning, tapi onok sarate.
    a). Kudu ditulis nggawe boso suroboyoan.
    b). Kudu dagangane peno dewe.
    c). Dagangane peno nggone kudu onok ndek suroboyo.
    d). Wong siji cumak isok nulisno warunge seng sak enggon tok.
    e). Noles nang kene gak usah mbayar, alias gratis-tis, tapi nek karep nyumbang gak popo.
    f). Peno yo gak oleh njalok bayaran nang aku.
5. Lebon4 Gawenane Wong Suroboyo, tampilane yo cekak, yo onok centelane nang plataran njero seng isine jangkep. dadi peno nek due pabrik cilik-cilik an ndek omah, peno iso pamer ndek kene, sarate podo karo wong dodolan mau.
6. Lebon5 Budoyoe wong suroboyo. podo karo ndokor, yo onok centelane nang plataran njero seng isine jangkep. iki isine koyok bongsone parikan, iso cerito lodrok seng di gawe model nopel. pidio tarian, koyok remo. wes sak lione lah.

Tampilan cekak seng ndek saben lebon, iku cuman crito titik seng nggamberno isie lebonan, isine lebon seng jangkep onok ndek plataran njero.

Peno gak usah kuater, masio tulisane boso suroboyoan medok, yaken iki isok GO INTERNASIONAL.

Iku sek yo Cak Ning, Batoku wes cemut-cemut iki. Nek peno pengen nambai rancangan utowo pengen ngekei saran langsung peno tulis ndek kotak ngisor iku, utowo e-mail ae yo gak popo. nek peno duwe blog seng nggawe boso jowo, ayok Cak-Ning cantol-catolan blog. Wes yo Cak-Ning aku Pamet sek, Suwooon.


Peno Titeni Yo....,
1. Pabrek gede gak oleh pamer dagangane ndek kene. cuman nerimo pabrek kelas omahan karo pabrek gotong royonge wong kampong.
2. Gak nerimo iklan onlen seng biasane kateng cemrentel ndek internet. iklan seng oleh cuman nggone wong suroboyo tok.
3. Peraturan seng wes ketoles, sak waya-waya isok dirubah, tapi sak duronge kudu di rembugno sek karo dolor-dolor kabeh.